Beranda > Budoyo > Ngelmu Kanthong Bolong

Ngelmu Kanthong Bolong

NGANCIK jaman posmodern panguripan kang sarwa maju wus kita rasakake.
Kabeh kebutuhan padinan bisa dicukupi lewat teknologi. Wong-wong padha
ngendelake akal lan nalar. Kabeh pambudidaya katindakake kanggo nata
perekonomian lan panguripane bebrayan.

Faham kapitalisme global nguwasani tatatan urip. Egosentrisme dadi
pola pikir pribadi. Wong-wong padha gelem ngorbanake hak pribadi
kanggo nggayuh keuntungan sing luwih dhuwur. Ing kahanan kaya iki alam
dieksploitasi saentek-enteke nganti sumber alam padha asat.

Nalika kabeh wong padha ngutamakake kepentingan pribadi, apa wae kang
katindakake iku muhung mburu kamulyane dhiri. Dhiri pribadi dadi pusat
mula sinebut ego sentrisme utawa individualisme. Wong liya dianggep
dadi objek utawa pelengkap. Wong liya dianggep ora penting. Umpama
mbutuhake wong liya iku amarga dheweke lagi manfangatake liyan.
Pribadi sing kaya ngene iki sanyatane lagi nandhang lelara. Wong-wong
kaya kuwi ing atine tansah ana pamrih mula bisa diarani durung mardika.

Ngelmu Kanthong Bolong

Sewu siji penyakit sosial lan individual satemene mula bukane saka
individualisme utawa egosentrisme iki. Nalika akeh wong sing tansah
nduwe pamrih, tumindake ora tulus ikhlas, apa kang katindakake iku
duwe kepentingan pragmatis. Yen kepentingan iku ora keturutan ora
wuning njalari daredah, lan masalah. Wong-wong sing mung mentingake
dhiri pribadi mung nggugu kersane priyangga nora nganggo tepa selira.
Laku kriminal agal alus, pakarti busuk lan jahat ngebaki warta saben
dina. Bebendu lan bncana teka tanpa kendhat nanging ora bisa methik
hikmahe. Tan bisa diselaki yen kabeh iku asal saka pakartine manungsa
dhewe.

Bab iki wis nate dipenggalih dening Raden Mas Panji Sosrokartono.
Panjenengane banget prihatin nguningani pakartine manungsa sing
egoistis iki. Sabanjure ana tetamba lamun padha gelem nindakake ing
laku urip bebrayan padinan. Tetamba iku dirumusake kanthi istilah
Ngelmu Kanthong Bolong (uga sinebut Ngelmu Kanthong Kosong utawa
Ngelmu Sunyi). Manut dhasar pemikirane, Ngelmu Kanthong Bolong iku
mujudake anti thesis faham kapitalisme global lan individualisme.

Sajrone selawe taun (1927-1952) RMP Sosrokartono wus ngabdi kanggo
bebrayan ngusadani sewu siji penyakit jasmaniah-badaniah, penyakit
rokhaniah-bathiniah, lan uga kabeh rasa gela kang ana sesambungane
karo sapadha-padhane titah (marang Gusti Allah Swt Ian uga alam). Mung
nggunakake medhia banyu putih, panjenengane bisa menehi usada kabeh
panandhang iku. Yen ana wong coba-coba, panjenengane mesthi priksa
mula bakal diwenehi pangandikan tegas, lan singkat. Asring dumadi
gelas utawa botol sing isi banyu putihe wong sing coba-coba iku
mbledhos, pecah, lan isine wutah.

RMP Sosrokartono iki sinebut guru spirituale tokoh-tokoh nasional.
Sebut wae Presiden Soekarno lan Soeharto uga nyecep ngelmune. Lepas
saka kekurangan lan keluwihane tokoh loro iku, apa kang katindakake
iku sebageyan pancen ngamalake piwulange RMP Sosrokartono. Ing buku
Soekarno, An Autobiography as Told to Cindy Adams (1965), Presidhen
kapisan RI iku nyebut asmane RMP Sosrokartono minangka guru kebatinan
sing kondhang ing Bandung. Mantan Presidhen Soeharto uga nyebut-nyebut
piwulange RMP Sosrokartono sing kondhang yaiku sugih tanpa bandha,
digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake.

Ngelmu Kanthong Bolong iku dilandhesi pemikiran sing prasaja. RMP
Sosrokartono ngendika, “Nulung pepadhane, ora nganggo mikir wayah,
wadhuk, kanthong. Yen ana isi lumuntur marang sesami.” Digambarake
kayadene kanthong, ing sanubari kita kudu ngilangake dhasare kanthong
kuwi (nirpamrih). Wong-wong kudu wani ngilangake pamrih ing sajrone
urip. Kang iku urip kudu tarimah mawi pasrah, suwung pamrih tebih
ajrih, langgeng tan ana susah Ian bungah, anteng mantheng sugeng
jeneng. Kang dikembangake dudu tekad pamrih nanging tekad asih.

Sing angel anggoni nglakoni yaiku ngowahi pola pikir. Secara umum
wongwong padha duwe faham individualisme. Ing kamangka saiki kudu
diwalik. Dhiri pribadi ora dadi pusat panguripan ing donya. Suwalike,
wong kudu mikirake keslametane wong liya Lan uga bebrayan kabeh. Laku
iku sinebut ngabdi kanggo abdine Gusti Allah Swt. Yen kita tresna Lan
nyembah Gusti Allah mula tresna iku kudu diwujudake kanthi nresnani
abdine Gusti Allah (kabeh titah klebu manungsa). Carane? Kanthi
ngorbanake kepentingan-kepentingan individual sing disebut pamrih.

Nalika kita wus bisa bebas saka pamrih tegese kita wus tumeka ing alam
kamardikan. Mardika iku tegese uwal saka was Lan sumelang. Bisane uwal
saka rasa was sumelang iku lamun ing dhiri sanubari kita iku ora duwe
pamrih apa-apa. Payung kula Gusti kula dne tameng kula inggih Gusti
kula. Saya gedhe pamrihe saya kurang mardika. Wong-wong kang tansah
mentingake dhiri pribadi ing sajrone uripe tansah nandhang
kacingkrangan Lan kekurangan nadyan bandha donyane wus turah-turah. Ya
kahanan kaya ngene iki sing diarani jiwa kang nandhang lelara.

Saka Ngendi RMP Sosrokartono nemokake piwulang Kanthong Bolong iki?
Akeh sing ngira yen panjenengane njupuk referensi manca embuh saka
kitab Wedha,

Upanisad, Bagavatgita, Kitab Suci agama Buddha, Lao Tze kanthi Tao Teh
Tjing, utawa piwulang Tasawuf Lran Lan Arab. Apamaneh panjenengane
entuk dhidhikan ilmiah ing Nederland 27 taun lawase (1898-1925).
Nanging panduga iku keliru. RMP Sosrokartono bisa ngrumusake Ngelmu
Kanthong Bolong iku nyinau saka kasunyatan kang ana ing bebrayan.
Panjenengane ngendika, “Murid, gurune pribadi. Guru, muride pribadi.
Pamulange, sangsarane sesami. Ganjarane, ayu Lan arume sesami.” Cetha
lamun piwulang iki asli, ora asal saka referensi manca negara.

Sing pungkasan, perlu kawuningan yen Ngelmu Kanthong Bolong iki
ngutamakake laku. Kanggone RMP Sosrokartono, ngelmu Lan laku iku
nyawiji. Laku iku ya dadi manifestasi ngelmu. Ora ana ngelmu tanpa
laku. Nuntut ngelmu beda karo ngudi ngelmu. RMP Sosrokartono ora tau
kagungan murid. Piwulange ora diparingake nganggo ceramah kaya ing
sekolah nanging kanthi conto Lan patuladhan. Panjenengane tau
ngedegake kulawarga Manasuka (ejaane ana sing nulis Monosuko) ing
tlatah Sumatera utara Lan Sumatera Timur. Kulawarga iki diwenehi
kalodhangan nyonto laku-laku kang katindakake dening panjenengane

sumber http://kejawen.suaramerdeka.com/index.php?id=227

Kategori:Budoyo
  1. 16 November, 2007 pukul 1:30 pm

    sebenernya saya baru cari bahan buat tugas diskusi PANCASILA tapi tentang demokrasi sendiri saya masih sangat bingung apa yang tersirat dari kata demokrasi sendiri….????
    kalu kata yang tersurat jelas adalah pemereintahan dengan kekuasaan tertinggi di tangan rakyat tapi apakah ada makna tersiratt dari demokrasi itu sendiri…
    barangkali anda bisa membantu saya menemukan makna itu kirimkan ke email saya, terima kasih

  2. 19 November, 2012 pukul 10:38 pm

    In case you are beginner entrepreneur, you should begin with just one one type of expense.
    Pick out just one property sort which you would take pleasure in starting with and
    only take note of it. It can be in your best interest to
    remain centered on a single type and do your best, rather than distribute oneself
    way too lean and just do common at several purchases.

  1. No trackbacks yet.

Tinggalkan komentar